FILM CANGKRING 21
LANJUTAN PREMAN KW –episode 2
Rindi = lah cangkeme wisan kecut pengen udud malah ndadak
bose weruh agi ning dalan.
Kaya kie
malah kon ngumbai apa mbarang.bukane olih rokok malah olih kumbahan badeg..
Mas kae
kumbahane wisan rampung…tek kumbah kabeh malah kae se emari lemarine sisan.
Kusno= ya sip bagus bagus…gawe kopi rana nyong pengen ngopi
kie.
Rindi= ehhhhh asem
temen deneng ka due bos modele kaya kie…
Arep kopi
ireng apa kopi putih
Kusno= la emange apa
ana kopi putih?
Rindi= ya ana bos kopi susu arane
Kusno= lah ya kopi ireng bae sing buket masa wong lanang
ngopi putih.
Rindi= arep sing panas apa
sing adem?
Kusno=koe ngledek apa priwe kie?pengen tek sikut apa ?
Rindi=maksude sing adem nganggo es bos?
Kusno=ohhh kaya kue ….ya wis sing panas bae
Rindi= ok siap bos mangkat21
Rindi=kie kopine bos
Kusno= ya bagus mantap21 kie arane awan2 ngopi panas
Kunyuk deneng
kopine pait?
Rindi=sesuai pesanan bosss kopi panas
Kusno=sesuai keprimen masa kopi pait
Rindi=ningndi ndi sing arane kopi y pait angger gula lah
legi
Rindi=mau kan pesene kopi panas udu kopi gula
Kusno= ooohalahh bocah gemblung….
Comments
Post a Comment